welcome visitor
Join us

categories
artikel -

Belajar Ikhlas

BELAJAR IKLAS DARI SAMIN - VERSI JAWA 

Parjo : Sampeyan ngenehi duit nggo Joyo?
Samin : Iyo.
Parjo : Sampeyan diapusi, Joyo kuwi sugih.
Samin : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusan Joyo karo Gustine.

Parjo : Lho sendalmu endi Kang, kok cekeran?
Samin : Ilang.
Parjo : Ora mbok golek'i sopo sing nyolong?
Samin : Ora, aku biyen lair yo ora sandalan.

Parjo : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo.
Samin : Ben wae.
Parjo : Sampeyan ora nesu?
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo, Joyone yo ora nesu.

Parjo : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
Samin : Wes ben.
Parjo : Kok sampeyan biasa wae, ora njaluk ganti?
Samin : Aku malah kaget yen pitikku sing mangan asune si Joyo.

Parjo : Kang, wis mangan?
Samin : Durung.
Parjo : Mreneo tak wenehi duit.
Samin : Wegah, aku ora doyan duit. Panganen dewe yen kowe doyan duit.

Parjo : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo.
Samin : Ben. Untung doyane tanduran, yen weduse doyan papan, omahku sing dipangan.
Parjo : Kang, kowe ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas.
Samin : Lha yo kuwi. Yen jelas mesti aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.

Parjo : Kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
Samin : Ilang.
Parjo : Kok malah ngguya-ngguyu?
Samin : Lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki, yen pas tak tumpaki aku yo katut ilang.


back
more article...
login member
Username
Password
* sign up here